Senin, 15 Desember 2008

ANAK LANANG

Rangga Satria Abiyyu, anak lanangku sing pertama, lair nang Purwokerto 17 Juli 2007. Siki umure 1,5 taun, lagi nakal-nakale. Kiye fotone Rangga pas liburan nang gone Solihin, sedulur lanang nang Unit 2 Tulang Bawang. Anu biasa urip nang kota, metu sekang ngumah serba paving, eee...liburan nang ndesa ya kaya kuwe kelakuane, kecehan dolanan banyu nang blumbang jan seneng pisan deweke. Weruh iwak mujair de uber-uber karo ngoceh "itan...itan..." Jan anake inyong, moga-moga dadi bocah sing pinter, sholeh, berbakti maring rama biyung, hormat maring wong sing lewih tuwa, lan cita-citane terkabul. Amiinnn....

WELCOME TO ANDRIASZ'S WORLD....

Inyong karo Rangga liburan nang pantai Mutun, Lempasing, Bandar Lampung. Keindahaan pantai lan keceriaan anakku bener-bener nggawe seneng atiku.